Minggu, 04 Januari 2009

Budaya Jawa
Budaya Jawa pranataning uripe wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegese pangerten lan cara. Pangerten bab urip nuduhake sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibane. Dene cara nuduhake pakeming tumindak ing purwa, madya lan wusana ning kahanan. Uripe wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabeh perangane urip kaya ta pribadine dhewe, liyan, alam lan apa wae sing ana sakliyane dheweke kudu isa nampa lan nyengkuyung budine sing nuju marang kasampurnaning urip.
Sajarah
Budaya utawa kabudayan Jawa iku salah siji kabudayan sing wis mapan, amarga wis suwe banget anane. Budaya Jawa ora madeg dhewe. Animisme, Dinamisme miwiti ananing Budaya Jawa. Hindhu, Budha, Nasrani lan Islam ya akeh banget pasumbange marang Budaya Jawa. Budaya Jawa wiwit mula bukane gampang nampa lumebune bab-bab anyar saka njaba angger ora sisip sembir karo pokok ugerane. Budaya Jawa urip bebarengan karo Agama lan Kapitadosan sing ana. Wataking Budaya Jawa sing tansah nggoleki larase swasana gampang nampa ananing budaya liya.
Sub Budaya Jawa
Jawa Wetanan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Wetan
Sub budaya Jawa Wetanan iku sing umume ana ing provinsi Jawa Wetan. Sub budaya iki sebageyan dipengaruhi budaya Madura lan sebageyan maneh esih nganut budaya Jawa kuna misale sing dianut suku Tengger.
Jawa Tengahan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa Tengah
Sub budaya Jawa Tengahan iku ana ing sisih wetan provinsi Jawa Tengah lan sisih kulon Jawa Wetan. Umume dipengaruhi budaya sing urip neng kratonan.
Jawa Banyumasan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Banyumasan
Sub budaya Jawa Banyumasan iku ana ing sisih kulon provinsi Jawa Tengah. Sub budaya iki luwih sederhana lan nganut nilai-nilai egaliter, cablaka lan baworan.
Tradisi lan Adat
• Upacara adat Jawa
• Pengantenan adat Jawa
• Nyadran

0 komentar: